Sbr: http://jv.wikipedia.org/wiki/%C3%89jaan_Basa_Jawa Bab lan Paragraf
1 Paugeran ngenani aksara o 1.1 Aksara abjad 1.1.1 Aksara vokal 1.1.2 Aksara konsonan 1.1.3 Gabungan aksara konsonan 2 Pamenggalan tembung o 2.1 Pamenggalan tembung dhasar o 2.2 Imbuhan 3 Aksara kapital, aksara miring lan aksara cithak kandel o 3.1 Aksara kapital o 3.2 Aksara miring o 3.3 Aksara kandel 4 Panulisan tembung o 4.1 Tembung dhasar o 4.2 Tembung turunan o 4.3 Tembung ulang o 4.4 Tembung majemuk o 4.5 Angka lan lambang wilangan 5 Tandha wacan o 5.1 Tandha titik ( . ) o 5.2 Tandha koma ( , ) o 5.3 Tandha titik koma ( ; ) o 5.4 Tandha titik loro ( : ) o 5.5 Tandha hubung ( - ) o 5.6 Tandha pisah ( -- ) o 5.7 Tandha ellipsis ( ... ) o 5.8 Tandha pakon (!) o 5.9 Tandha pitakon (?) o 5.10 Tandha kurung ( ( ... ) ) o 5.11 Tandha kurung siku ( [ ... ] ) o 5.12 Tandha petik rangkep ( " ... " ) o 5.13 Tandha petik tunggal ( ' ... ' ) o 5.14 Tandha garis miring ( / )
Aksara kapital, aksara miring lan aksara cithak kandel Aksara kapital 1. Aksara kapital (aksara gedhé) dianggo minangka aksara pisanan ing wiwitan ukara. 2. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing petikan langsung 3. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing ungkapan sing magepokan karo jeneng Tuhan 4. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng gelar kaurmatan, katurunan lan kagamaan sing dibanjuraké jeneng wong. Tuladha: Pangeran Puger; Mangkenegara VII; Kyai Maja. 5. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ingunsur jeneng jabatan lan pangkat sing dibanjuraké jeneng wong utawa sing dianggo minangka sesulih jeneng wong tinamtu, jeneng instansi utawa jeneng panggonan. Tuladha: Patih Suwanda; Walikutha Kuthamadya Yogyakarta; Bupati Semarang. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan jeneng jabatan lan pangkat sing ora dibanjuraké jeneng wong, instansi utawa panggonan. Tuladha: Sapa sing dadi patih?; Dadi bupati iku ora gampang. 6. Aksara kapiltal dianggo minangka aksara pisanan ing unsur jeneng wong. Tuladha: Martaatmaja; Sudatya Cakra Siswara. 7. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng bangsa, suku lan basa. Tuladha: bangsa Walanda; suku Asmat; basa Jawa. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng bangsa, suku lan basa sing dianggo minangka wangun dhasar tembung turunan. Tuladha: dijawakaké, kumlanda-landa. 8. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng taun, sasi, dina, wuku, dina riyaya lan prastawa sajarah. Tuladha: taun Alip, ; sasi Sura; dina Selasa; riyaya Paskah; wuku Sungsang; perang Bubad. 9. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng géografi. Tuladha: Asia Kidul; Gunung Semeru; Kali Brantas. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan jeneng géografi sing dianggo minangka jeneng jinis. Tuladha: gula jawa; jambu bangkok; saté madura. 10. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing kabèh unsur jeneng negara, lembaga pamaréntah, katatanegaraan sarta jeneng dhokumèn resmikajaba tembung tugasé (yèn ana). Tuladha: Balai Panelitèn Basa ing Yogyakarta; Undhang-Undhang Dhasar 1945. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan tembung sing dudu jeneng resmi negara, lembaga, pamarentah, ketatanegaraan, badan sarta jeneng dhokumen resmi. Tuladha: Bangsa Indonesia wis duwe undhang-undang dhasar; Iran wis dadi negara republik. 11. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan saben unsur wangun ulang sampurna sing ana ing jeneng badan, lembaga pamaréntah, ketatanegaraan, sarta dhokumèn resmi. Tuladha: Perserikatan Bangsa-Bangsa; Undhang-Undhang Dhasar 1945. 12. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing kabèh tembung (klebu unsur tembung ulang sampurna) ing sajroning jeneng buku, kalawarti, koran, lan judhul
karangan kajaba tembung tugasé (yèn ana). Tuladha: Kidung Wengi ing Gunung Gamping; Mekar Sari; Kedhaulatan Rakyat; Tunggak-Tunggak Jati. 13. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan unsur cekakan jeneng gelar, pangkat lan sapan. Tuladha: Prof.; Letkol.; Ny.;Tn.; R.M. 14. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan tembung penunjuk hubungan kakrabatan kaya bapak, ibu, kakang, paman sing dianggo nyapa. Tuladha: “Mangga, Bu, pinarak ing ngajeng.”; Lho, Paman, sampun rawuh. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan tembung panunjuk hubungan kakrabatan sing ora dianggo sapan. Tuladha: Anak kudu tansah bekti marang bapak lan ibuné. 15. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan jeneng gelar utawa jabatan sing didhisiki déning tembung ganti utawa sapan. Tuladha: Bapak Lurah; Ibu Camat. 16. Aksara kapital dianggo jroning cekakan sing dumadi saka aksara-aksara wiwitan tembung jeneng badan, lembaga pamaréntahan, ketatanegaraan, lembaga nasional lan internasional, sarta jeneng dhokumèn resmi. Tuladha: SMA; MPR; PBB; UUD 1945. 17. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisnan akronim jeneng badan, lembaga pamaréntahan, ketatanegaraan, sarta prastawa wigati sing magepokan karo pamaréntah lan ketatanegaraan. Tuladha: Pangestu (Paguyuban Ngesti Tunggal); Pemilu (pemilihan umum).
Aksara miring Aksara miring dianggo: 1. nulisaké jeneng buku, majalah, lan koran sing dikutip jroning karangan; 2. kanggo negasaké aksara, bagéan tembung, tembung utawa klompok tembung; 3. nulisaké istilah èlmiahè utawa ungkapan asing kajaba sing wis disesuaikaké éjaané.
Aksara kandel Aksara kandel dianggo: 1. nulisaké judhul utawa irah-irahan buku utawa karangan 2. nulisaké judhul bab jroning buku utawa karangan.
Panulisan tembung Tembung dhasar Tembung sing arupa tembung dhasar ditulis minangka siji kesatuan. Tuladha: Aku tuku klambi; Buku kuwi isih anyar; Sapa sing duwé klambi iki?
Tembung turunan 1. Imbuhan ditulis sarangkai karo wangun dhasaré. Tuladha:digawa; suwèken; tinulis; digolèkaké; kalurahan.
2. Yèn wangun dhasar sibg arupa gabungan tembung mung diwènèhi ater-ater waé utawa mung diwènèhi panambang waé, gabungan tembung ditulis kapisah. Tuladha: solah bawané; mbangun turut. 3. Yèn wangun dhasar sibg arupa gabungan tembung diwènèhi ater-ater lan panambang sekaligus, unsur gabungan iku ditulis serangkai. Tuladha: mbandakalani; ditapakastani. 4. Yèn siji wilangan sing dumadi saka rong suku tembung gabungv karo tembung wilangan sing dumadi saka rong suku tembung, satuan wilangan mau ditulis kapisah karo tembung wilangané. Tuladha: telu likur; patang puluh; sangang atus. 5. Gabungan satuan wilangan lan tembung wilangan sing salah siji utawa kaloroné dumadi saka siji tembung ditulis serangkai. Tuladha: rolas; telulas;patlikur; rongèwu.
Tembung ulang Tembung ulang penuh ditulis sacara pepak kanthi migunakaké tandha hubung. Tuladha: mlakumlaku; ngguya-ngguyu; jaga-jinaga; sawayah-wayah.
Tembung majemuk 1. Unsur tembung majemuk ditulis kapisah. Tuladha: nyambut gawé; gotong royong; kembang gula. 2. Unsur tembung majemuk sing wis padhu ditulis serangkai. Tuladha: éwadéné; bokmanawa; ubarampé, kayata.
Angka lan lambang wilangan 1. Angka dianggo nyatakaké lambang wilangan utawa nomer. Jroning tulisan lazim digunakna angka Arab utawa angka Romawi. Angka Arab Angka Romawi
: 0,1,2,3,4,5,6,7,8,9,10 I, II, III, IV, V, VI, VII, VIII, IX, X, L (50), C (100), D (500), M : (1.000)
Panggunaan diatur sabanjuré jroning pasal-pasal ing ngisor iki. 2. Angka digunakna mratélakaké: (i) ukuran dawa, bobot, jembar, lan isi (ii) satuan wektu (iii) nilai dhuwit, lan (iv) kuantitas Tuladha: 0,5 1 jam 20 Rp5.000,00 50 dolar sentimèter menit US$3.50* Amérika 5 kilogram jam 15.00 $5.10* 10 paun 4 mèter taun 1928 ¥100 Inggris pesagi 17 Agustus 2.000 100 yèn 10 liter 1945 rupiah 10 persèn 27 jiwa
* tandha titik minangka tandha desimal. 3. Angka lazim dianggo nglambangaké nomer dalan, omah, apartemèn, utawa kamar ing alamat. Tuladha:
Dalan Tanah Abang I No. 15 Hotèl Indonésia, Kamar 169
4. Angka digunakna uga kanggo mènèhi nomer bagéan karangan lan ayat kitab suci. Tuladha:
Bab X, Pasal 5, kaca 252 Surah Yasin: 9
5. Panulisan lambang wilangan sing nganggo aksara dilakoni kaya iki: a. Wilangan utuh Tuladha: rolas 12 rolikur 22 rong atus rolikur 222 b. Wilangan pecahan Tuladha: setengah 1/2 telung prapat 3/4 sapronembelas 1/16 rong protelon 3 2/3 saprosatus 1/100 sak persen 1% siji rong prosepuluh 1,2 6. Paanulisan lambang wilangan tingkat bisa diayahi kanthi cara. Tuladha: Paku Buwono X ing dhaerah tingkat II iku ing wiwitan abad XX ing tingkat kaloro gedhong jroning kauripan ing abad kaiku 20 iki ing tingkat ka-2 iku pirsani Bab II, Pasal 5 kantoré ing tingkat II iku ing bab ka-2 buku iku 7. Panulisan lambang wilangan sig antuk panambang -an : Tuladha:
taun '50-an (taun sèketan) dhuwit 5000-an (dhuwit limang éwon) lima dhuwit 1000-an (lima dhuwit éwon) 8. Lambang wilangan sing bisa dinyatakaké kanthi siji utawa loro tembung dikulis nganggo aksara kajaba yèn sawetara lambang wilangan dianggo sacara urutan, kaya jroning princèn lan pamaparan. Tuladha: Amir nonton drama iku nganti kaping telu. Bapak mesen telung atus ayam. Ing antara 72 anggota sing teka, 52 wong setuju, 15 wong ora setuju, lan 5 wong blangko. 9. Lambang wilangan ing wiwitan ukara ditulis nganggo aksara. Yèn perlu, susunan ukara diowahi saéngga wilangan sing ora bisa dinyatakaké nganggo siji utawa loro tembung ora dipasang ing wiwitan ukara. Tuladha: Limalas wong tiwas jroning kacilakan iku. Pak Darmo ngundang 250 tamu. Dudu: 15wong tiwas ing kacilakan iku. Rong atus sèket wong tamu diundang Pak Darmo. 10. Angka sing nuduhaké wilangan utuh sing gedhé bisa diéja sebagéan supaya luwih gampang diwaca. Tuladha: Perusahaan iku nembé antuk silihan 250 yuta rupiah. Pedunung Indonesia gunggung luwih saka 120 yuta jiwa. 11. Wilangan ora perlu ditulis nganggo angka lan aksara sekaligus jroning tèks kajaba jroning dhokumèn resmi kaya akta lan kwitansi. Tuladha: Kantor kita nduwèni rongpuluh pegawai. Ing lemari iku kasimpen 805 buku lan majalah. Dudu: Kantor kita nduwèni 20 (rongpuluh) pegawai. Ing lemari iku kasimpen 805 (wolungatus lima) buku lan majalah. 12. Yèn wilangan dilambangaké nganggo angka lan aksara, panulisané kudu tepat. Tuladha: Tak lampiraké tandha terima dhuwit sing gedhéné Rp999,75 (sangangatus sangangpuluh sanga lan pitung puluh lima prosatus rupiah).
Tandha wacan
Tandha titik ( . ) Tandha koma ( , ) Tandha titik koma ( ; ) 1. Tandha titik koma dianggo misahaké bagéan ukara sing sajinis lan satataran (setara). Tuladha:
Wengi saya sepi; dhèwèké isih durung bisa turu.
2. Tandha titik koma dianggo misahaké ukara sing satataran jroning siji ukara majemuk minangka pengganti tembung penghubung. Tuladha:
Bapak tindak kantor; ibu tindak pasar; adhik dolanan montormontoran.
Tandha titik loro ( : ) 1. Tandha titik loro dianggo ing pungkasan sawijining pratélan pepak sing diiloni rangkéan utawa pamerian (reroncèn). Tuladha:
Kebutuhané wong urip iku akèh: sandhang, pangan, papan lan liyaliyané.
2. Tandha titik loro dianggo sawisé tembung utawa ungkapan sing merlokaké reroncèn. Tuladha:
Tandha hubung ( - ) Tandha pisah ( -- )
Pangarsa (Ketua) : Ahmad Wijaya Panitra (Sekretaris) : S. Handayani Hartaka (Bendahara) : Samid Sudira Pranata cara : Bambang Sukisna
Tandha ellipsis ( ... ) 1. Tandha ellipsis ngambaraké ukara sing kapedhot-pedhot. Tuladha:
Nèk ngono ... ya uwis, Mas Riyanta diaturi kondur waé.
2. Tandha ellipsis nuduhaké yèn jroning petikan ana bagéan sing diilangaké. Tuladha:
"Kalawarti Jawa wiwit ... diklumpukaké".
Tandha pakon (!) Tandha pakon (basa Indonésia: Tanda seru) dianggo sawisé ungkapan sing nyatakaké seruan utawa pakon (printah), kasériusan, rasa ora percaya lan émosi sing kuwat. Tuladha:
Gawanen mréné buku kuwi! Adhuh, aboté! Mosok, dhèwèké téga ninggal anak bojoné!
Tandha pitakon (?) 1. Tandha pitakon dianggo ing pungkasan ukara pitakon. Tuladha:
Kapan mangkaté?
2. Tandha pitakon dianggo ing sajroning tandha kurung kanggo mratélakaké bagéan ukara sing nuwuhaké rasa tidha-tidha utawa sing kurang bisa dibuktèkaké bener orané. Tuladha:
Dhèwèké dilairaké ing taun 1683 (?). Dhuwité ana 10 yuta rupiah (?) ilang.
Tandha kurung ( ( ... ) ) 1. Tandha kurung ngapit katrangan utawa pratélan.
Tuladha:
Kecamatan Jetis (Kabupatèn Bantul) kondhang KUD né.
2. Tandha kurung ngapit katrangan utawa pratélan sing dudu pérangan integral pokok pamicaran. Tuladha:
Kabaré (embuh nyatané) ragadé ora ana.
3. Tandha kurung dianggo ngapit angka utawa aksara sing mrinci sawijining sèri katrangan. Tuladha:
Ubarampéné wong nginang iku werna-werna, kayata(1) suruh (2) injet (3) gambir.
Tandha kurung siku ( [ ... ] ) Tandha kurung siku dianggo ngapit katrangan jroning ukara sing njelasaké sing wis mawa tandha kurung. Tuladha: (Bab punika sampun kasaruwé sawatawis ing ngajeng [kaca 27])
Tandha petik rangkep ( " ... " ) Tandha petik tunggal ( ' ... ' ) 1. Tandha petik tunggal dianggo ngapit petikan sing kasusun jroning petikan liya. Tuladha:
Ibu ndangu,"Apa pikolèhé mèlu 'piknik' menyang Tawangmangu."
2. Tandha petik tunggal dianggo ngapit terjemahan, panjelasan tembung, lan ungkapan Indonésia utawa asing. Tuladha:
Titah kuwi duwé bahan 'organik' (daya urip).
Tandha garis miring ( / )
1. Tandha garis miring dianggo jroning penomeran kodhe layang lan alamat. Tuladha:
No. 7 / PK /989
2. Tandha garis miring dianggo minangka pengganti tembung utawa. Tuladha:
bapak / ibu
Panutan lan serapan Paugeran sing kanggo cekelan yaiku seka "Ejaan Bahasa Indonesia yang Disempurnakan", utamané ana ing tembung-tembung serapan seka basa manca. Dadi, bisa diarani yèn prakara serapan basa Manca bisa manut marang basa Indonesia. Ing basa Jawa, serapan tembung akèh padhané karo Basa Indonesia. Seka tarafé, unsur serapan iku bisa dipérang dadi loro, yaiku:
Unsur asing sing pangucapan lan panulisané wis manut kaidah basa Jawa, upamané: risét, tisu, lan aki. Unsur asing sing durung kaserep ing basa Jawa, upamané handphone, make up, lan stereo.
Conto tembung serapan kaya déné ing basa Indonesia:
corruption --> korupsi fantasy --> fantasi
Saliyané iku, cara menggal tembung, aksara murda (huruf kapital), aksara miring, aksara kandel, lan tandha wacan (tanda baca) uga katulis kaya déné ing basa Indonesia. Seka kongres mau uga banjur kawetu yèn paugeran iki ngrujuk marang dhialek sing wis mapan ing Matraman (Yogyakarta lan Surakarta). Prakara kaya mangkono mau wis lumrah kaya déné nalika Basa Indonesia kudu milih salah sijining dhialèk sing sumrambah ing nalika semana