Suminten Edan
Pemain : - Radhen Noto Kusumo – Micho - Radhen mas Subroto – Hoho - Suragentho & Warok Siman – Tyo - Suminten – Lala - Cempluk – Yaya - Ibune Suragentho – Sari - Ibune Cempluk – Ayu
Ing jaman ndisik Kanjeng Bupati Trenggalek Radhen Noto Kusumo duweni putra jenenge Radhen mas Subroto, wong kang bagus dan pinter ngemong rakyat. Wayah iku wilayah tenggalek sisih kulon, katentreman rakyat diganggu marang para begal sing biasa muncul ana ing alas ponorogo, akeh rakyat sing wadul njaluk tetulung marang kanjeng adipati RNK : putraku subroto reneo, bapak arep matur Br : dalem bapa RNK : kae para rakyat pada wadul menawa alas ing ponorogo akeh rampoke, saiki tak utus slira ngatasi masalah iku Br : sendiko dawuh bapa
Bubar rembugan karo bapane, broto banjur lunga nurut titah kanggo ngatasi masalah ing alas ponorogo karo nganakake sayembara sapa wae sing bisa nyekel para begal (rampok) iku bakal diwwenehi hadiah.. Surogentho sing jebul ketua saka para begal mau reteni berita sayembara mau banjur minggat saka alas ponorogo SG : Wah cilaka iki, nek aku ran dang mlayu saka tlatah iki, bisa mati alus aku Ing tengah dalan, suragentho reti wong ayu sing jenenge cempluk, dasar wong kang olo suragentho banjur nggodani cempluk SG : weleh-weleh ono cah ayu tenan iki.. (colek2 cempluk).. dek..dek Cem : eh sopo koe wani demok demok aku SG : urung reti to koe (sambil membusungkan dada) jenengku suragentho, aku saka tlatah ponorogo, timbange koe dewe’an nang kene, mbok ayo dolan mbi aku (gandeng tangan
cempluk) Cem : emoh aku emoh!! Broto sing ra sengaja lewat ing kono krungu jeritane cempluk Cem : tulong tulong!! Br : heh sopo koe, wani macem macem karo wong wadon SG : opo urusanmu, minggato kono Br : Oo urung reti koe, aku raden mas subroto, bupati trenggalek, saiki cul ko wong wadon iku SG : wani-wanine koe ngakon aku Banjur wong 2 iku padu nandingke ilmu, cempluk banjur kabur, rumangsa kalah broto langsung kabur nusul cempluk. Let pirang dina Surogentho ngejak Ibune teko marang omahe cempluk, meksa supaya cempluk bisa dadi bojone, nanging ibune cempluk uga ra setuju, banjur ib u-ibu mau padu nganggo alat2 dapur I.SG : kulanuwun
I.Cem : nggih manga, sinten nggih miki I.SG : niki kula ibune surogentho ajeng badhe matur menawa cempluk badhe daupaken kalian putra kula niki I.cem : hah koe ra nglawak to? Anakku sing ayu moblong moblong kui rep di jodohke karo cah elik iki? Wah ora sudi I.SG : welah wani-wanine koe ngarakke putraku elek, jan wong kurang ajar …….
Lebar ketemu cempluk kae, broto ngrasa kasmaran marang cempluk, semana uga cempluk anyak seneng marang broto lan broto arep ndadekake cempluk bojone Br : dek cah ayu, sanyatane aku tresno sliramu awit kita ketemu, menawa koe tak dadekake bojoku, opo koe gelem? Cemp : inggih kangmas, kula uga tresna kalian njenengan ……
Ing panggonan liya salebare ngalahake suragentho, sur agentho, warok siman lunga menyang trenggalek, bupati trenggalek banjur weneh hadiah bakal njodohake putrane yaiku raden mas subroto karoan suminten putrine warok siman WS : kanjeng bupati, kula sampun ngalahaken suragentho, miturut kalian sayembara punika, napa ingkang dados hadiah? RNK : Amarga sliramu wis ngalahake suragentho, sur agentho, aku bakal njodohake putraku ambi putrimu WS : saestu kanjeng? (raut tidak tidak percaya) percaya) RNK : iya, saiki cepakno ubarampene kanggo nikahane putrane awake dewe WS : inggih kanjeng Warok siman banjur nyepakake pesta kanggo putrine Suminten,
WS : nduk sum, aku due kabar apik Sum : napa pak? WS : iki bupati trenggalek arep nikahke koe karo den mas broto putrane Sum : saestu pak? Ciyus? Miapah? Wah aku kudu dandan sing ayu ki ben mas broto seneng karo aku (dandan) nanging ing tengah pesta ana kabar menawa nikahe Suminten karo Raden mas broto di batalke amarga broto wis nikh karo cempluk (angkat telpon), warok siman kaget banget ngerti kedadean iku, ora pengin putrine Suminten reti Sum : wonten napa pak? Kok bapak katon sedih? WS : anu nduk.. mas broto…
Sum : wonten nopo pak mas broto? ( Wajah panik) WS : nikahmu karo mas broto dibtalke nduk (menunduk menyesal) Sum : opo pak? Ra mungkin, jare mas broto bakal kawin karo aku, ora mungkin pak!, mas brotooo!! Mas brootooo!! (frustasi & menangis) WS : awas koe broto, arep tak pateni koe wis marai putriku sedih koyo ngene!! Bqanjur warok siman lunga menyang papane broto lan cempluk WS : He mas broto, metu koe, lawan karo aku! Br : lho wonten nopo to pak niki? WS : koe wis marai anakku setres goro2 koe, saiki mati koe!! Wong loro mau banjur padu, nanging ing tengahe padu suminten teko kalungan krupuk karo dandan menor Sum : eh bapak, kok rene ngopo pak? Wah mas broto, koe kok tego ninggal aku to mas! Ning ora popo aku isih tresno
karo koe hahahaha
Ibuke cempluk banjur metu I.Cem : eh ono opo to iki? WS : Niki bu, putrine kula edan, amerga den broto mboten siyos nikahi suminten I.Cem : elae ndok mesakne, kenen tak tambani “tombo teka loro lunga” Banjur iku suminten mari Sum : loh nang ndi aku, pak pak kkok aku koyo nngene to pak? Nang ndi iki WS : sukur nduk koe wis mari merga kedanan raden mas broto.. nak mas broto, sak niki suminten pun sadar, lak mboten adil to menawa sumointen mboten mang dadosaken garwa Bro : duh pripun gih pak, kula pun gadah cempluk jih, ning yow is lah saiki suminten tak dadekake garwaku sing ke loro WS : la ngene lak ceto.. senin tekan rabu mbi cempluk, kemis tekan setu mbi suminten la ning pas minggu pie? #nyanyi bareng2 sing sedino kanggo sopo, sing sedino kanggo wong liya, sing sedino, kanggo sopo, sing sedino kanggo wong liya