[1]
Alhamdulillah, kita memuji Allah dengan sebanyak-banyak pujian yang telah
memberi kita taufiq atas agama Islam yang lurus ini. Shalawat dan salam bagi nabi yang menjadi utusan-Nya Muhammad bin Abdullah yang telah menyampaikan Islam ini kepada kita dengan sempurna yang mana malamnya seperti siangnya.
“Sebaik-baik manusia adalah yang paling bermanfaat bagi orang lain.” (HR. Ahmad, Thabrani, Daruqutni. Dishahihkan Al Albani dalam As-Silsilah As-Shahihah As-Shahihah)
Apabila kita ingin menjadi diantara golongan orang-orang baik, maka jadilah orang yang membawa manfaat kepada orang lain. Atas dasar inilah kami menghadirkan buku kecil ini dengan tujuan semoga bermanfaat bagi para khotib dalam berdakwah terutama di lingkungan yang menggunakan bahasa jawa. Buku kecil ini merupakan kumpulan khutbah jumat dengan bahasa jawa yang yang telah berhasil berhasil kami kumpulkan. Namun, kami menyadari menyadari akan keterbatasan ilmu di dalam menggunakan bahasa jawa atau materi yang kami sajikan. Oleh karena itu, kami berharap para pembaca memberikan kritik dan saran kepada kami sehingga pada edisi yang akan datang kami bisa memperbaiki kekurangan pada buku ini.
Demikian sepatah kata dari kami, semoga buku ini bermanfaat.
Penulis [2]
DAFTAR ISI Muqoddimah ………………………………………………………………………… 2 Daftar isi ………………………...…………………………………………………… 3 Hijrah ing tahun baru hijriah ………………...………………………………………. 4 Wulan sya'ban ………………...………………………………………...…………… 6 Ngadepi wulan ramadhan ………………...…………………………………………. 9 Keutamaan wulan ramadhan ……………………………………………………….. 11 Siyam ramadhan ……………………………………………………………………. 13 Faedah siyam 6 dinten saking syawal ……………………………………………… 15 Amal sholih ing awal dzulhijah ……………………………………………………. 17 Pelajaran saking kaluargo nabi ibrahim ……………………………………………. 19 Penulis ……………………………………………………………………………… 22
[3]
HIJRAH ING TAHUN BARU HIJRIAH
...
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya Langkung rumiyin kula ngajak dateng panjenengan sedaya lan ugi dateng awak kula piyambak mangga kita samiya nambahi taqwa lan tha’at kita dateng Alla h, kanti tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, lan wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi , tansah netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala. Langkung langkung wonten ing swasana warsa enggal punika samiya ngenggalaken semangat anggenipun kumawula dateng Allah. Kanti semanget hijrah kados ingkang kadawuhaken dening Allah lan kacontokaken dening utusanipun Junjungan kita Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam. Dawuh dalem Allah Ta’ala : * “Sejatine wong wong kang pada iman lan wong wong kang pada hijrah lan wong wong kang pada jihad ing dedalane Allah iku wong wong kang pada ngarep arep rahmate Allah, lan Allah iku Dzat kang akeh pangapurane lan akeh kawelasane ” (QS. Al Baqarah 218) Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya Hijrah kangge kita ing mangsa punika mboten kedah kanti hijrah badaniyah utawi hijrah secara fisik, ananging hijrah kedah kita tindak aken paling mboten hijrah wonten ing perkawis sekawan . 1.Hijrah mental.. Inggih menika hijrah kanti ngendaleni nafsu. saking nafsu amarah tumuju dateng nafsul lauwwamah lannafsul muthmainnah . Jalaran nafsu amarah punika tentu tansah ngajak tumuju dateng pendamel awon, kados dawuhipun Allah :
“Temenan nafsu iku tansah perintah kelawan penggawe ala ” (QS.Yusuf : 53) Tiyang ingkang tansah nuruti nafsu amarah punika tentu tumuju dateng pendamel awon ingkang tansah kedah keturutan pepinginanipun, mboten nggagas nuwuhaken kapitunaning liyan, akalipun sampun tunduk lan nyengkuyung dateng pikajenganing nafsu.. Dene nafsul lauwamah menika kesadaran kangge negur pribadi lan diri sendiri, nafsu ingkang sampun mawas diri, inggih kesadaran kangge merubah pribadi sak derengipun dipun tegur dining Allah. Dawuhipun Allah : “Lan Ingsun sumpah demi jiwa kang akeh olehe nggetuni” (QS. Al Qiyamah : 2) Dene nafsul muthmainnah punika kados ingkang kadawuhaken dening Allah :
“Hai jiwa kang anteng , baliya marang Pangeranmu kelawan ridla lan diridlani Pangeranmu. Mlebua ing golongane kawulaKu, lan ingndalem swargaku” (QS. Al Fajr : 2730). Hijrah mental kita kedah ngantos saget tumuju nggayuh jiwa ing kang muthmainnah supados kita kalebet golonganipun kawula ingkang pikantuk karidlan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala. [4]
2. Hijrah kultural. Inggih menika hijrah saking keterbelakangan tumuju dateng kemajengan. Kawontenan kita ingkang tasih katah katilar dening kemajengan, kedah dipun ikhtiyari supados langkung saget nggayuh kawontenan ingkang langkung sae. Kados dene kawontenan lare lare ingkang cekap katah mboten saget sinau lan menempuh pendidikan, mekaten ugi jumlah tenaga kerja ingkang langkung ageng katimbang wontenipun lapangan pakaryan, Mekaten ugi kabudayan ingkang saya ngrisak dateng akhlaq lan moralipun masyarakat kanti dalih kebebasan ber kreasi, lan sak pinunggalanipun. Punika kedah kita atasi supados mboten ngobro ombro, syukur saget gumantos pengadatan utawi adat kito dados kabudayan ingkang selaras kaliyan tuntunan agami Islam ingkang leres. Amargi ing jaman puniko musuh-musuh islam nyebaraken kebudayaan ingkang mboten wonten tuntunan agami islam lan katah-katahipun umat islam mboten ngraosaken. 3.Hijrah Sosial. Inggih menika hijrah saking saking kondisi sosial kita ingkang nembe ketaman bencana, jalaran mboten namung fisik ingkang dados korban nemahi kerisakan, nanging kawontenan sosial ugi nemahi katah kerisakan kados penipuan dateng sedrek piyambak, permusuhan, korupsi lan sak panunggalanipun. Hubungan pasederekan, tetanggan lan sesrawungan katah, Punika kedah dipun usahani kanti hijrah tumuju dateng konndisi sosial ingkang langkung sae. Tiyang pinter pirang pirang , nanging tiyang bener arang arang . Mila semanget hijrah kedah tumanem wonten ing manahipun saben saben tiyang Islam sepanjang zaman. 4.Hijrah Material. Hijrah Material. Punika upaya perubahan kangge nggayuh kawontenan ingkang langkung sae ing babagan ekonomi, kita kedah gumbregah kedah cancut tali wanda, mboten kenging kedlarung, berlarut larut ing swasana sungkawa nggetuni dateng kawontenan, kedah semangat makarya kangge nggayuh kebahagyaan dunya lan akhirat, dunyane nggayuh baldatun thayyibatun warabbun ghafur, akhirate beja mulya slamet saking siksa akhire mlebet swarga. Aminn.
Khutbah 2 Kaum muslimin ingkang minulyo Mugi mugi Allah tansah midanget lan ngijabahi dunga panyuwun kita, andadosaken keluarga ingkang sakinah manggih kabegjan dunya ngantos akhirat. Amin.
. . .
.
.
[5]
WULAN SYA'BAN
... . Para sederek Kaum Muslimin, Rahimakumullah.
Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarsa dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical wical, langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya , sahingga enjang punika kita tasih saget menangi malih dinten jumat, lan saget makempal ing masjid punika kanti tanpa manggih rubeda satunggal punapa. Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala , Kados dawuhipun Allah :
"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik ” . (QS. An Nahl :128). Jama’ah ingkang minulyo, Dinten meniko kito sampun ngancik wonten minngu akhir saking wulan rajab. Ateges sak sampunipun wulan ajab kito bade menggihi wulan Sya’ban, wulan ingkang antawisipun wulan Rajab sareng Ramadhan, katah tiang ingkang lale lan nyiaknyiaken wekdal ing wulan meniko. Sahinggo hadits Rasulullah ingkang nyebataken kondisi tiang ing wulan sya’ban. Ini adalah bulan yang dilalaikan oleh kebanyakan manusia, yaitu antara bulan Rajab dan Ramadhan.(HR. An-Nasa'i. "Hasan" menurut Al-Albani) Katah ingkang lalai, keporo malah wonten ingkang dadosaken Sya’ban dados wulan pelampiasan. Mumpung durung ramadhan lan kalimat senada ingkang kadang-kadang asring kito mireng wonten sebagian tiang. Meniko pra tondo bilih katah ingkang tertipu ing wulan sya’ban.
Jama’ah ingkang minulyo, saking rasululloh kita dados mangertosi bilih sejatosipun wulan Sya’ban meniko gadahi keutamian ingkang ageng. Punopo sebabipun? Sebab ing wulan sya’ban meniko dados wulan dipun angkatipun sedoyo amal dumatheng Allah. Dipun sambung malih kanti hadits saklajengipun saking hadits kolo wau: Di bulan inilah amal perbuatan manusia diangkat kepada Rabb semesta alam. (HR. AnNasa'i dan Ahmad. "Hasan" menurut Al-Albani)
[6]
Meniko keutamaan wulan Sya’ban ingkang sepindah. Sya’ban Wulan dipun angkat amal manungso dateng Allah. Keutamaan kaping kalih inggih puniko wonten ing pertengahanipun wuan sya’ban. Ingkang sampun kito kenal kanti istilah Nisfu Sya’ban. Sabdanipun Rasululloh:
Sesungguhnya Allah memeriksa pada setiap malam nishfu Sya'ban. Lalu Dia mengampuni seluruh makhluk-Nya, kecuali yang berbuat syirik atau yang bertengkar dengan saudaranya. (HR Ibnu Majah, dinilai shahih oleh Al-Albani) Jama’ah ingkang minulyo, Lajeng punopo amal ingkang dipun contohaken Rasululloh ing wulan Sya’ban? Perkawis meniko penting kangge kito mengertosi lan amalaken. Supados kito mboten tebih saking sunah rasul. Lan kito amalaken kagem bukti bilih kito tresno dumatheng Allah. Bukti menawi kito tresno saestu dumatheng Allah inggih kanti kito nyonto Rasululloh.
Katakanlah: "Jika kamu (benar-benar) mencintai Allah, ikutilah aku, niscaya Allah mengasihi dan mengampuni dosa-dosamu." Allah Maha Pengampun lagi Maha Penyayang. (QS. Ali Imran : 31)
amal ingkang sepindah ingkang dipun contohaken Rasululloh inggih puniko ngatahaken siyam sunnah.
Usamah bin Zaid berkata kepada Rasulullah, "Wahai Rasulullah, saya tidak melihat engkau berpuasa di satu bulan melebihi puasamu di bulan Sya'ban." Rasulullah menjawab, "Ini adalah bulan yang dilalaikan oleh kebanyakan manusia, yaitu antara bulan Rajab dan Ramadhan. Di bulan inilah amal perbuatan manusia diangkat kepada Rabb semesta alam. Karena itu aku ingin saat amalku diangkat kepada Allah, aku sedang berpuasa." (HR. AnNasa'i. Al Albani berkata "hasan")
Ummul Mukminin Aisyah ugi ngriwayataken kebiasaan Rasulullah ing wuln Sya’ban. -
-
Rasulullah SAW tidak pernah berpuasa sunnah di satu bulan lebih banyak daripada bulan Sya'ban. Sungguh, beliau berpuasa penuh pada bulan Sya'ban. (HR. Bukhari) Saking katerangan kolo wau , bilih nindaken si yam wonten ing Sya’ban dados istimewa sebab ing wulan meniko dipun angkat amal ingkang sampun kito tindakaken. Lan ugi dados persiapan siyam ramadhan. Ingkang kedah kito gatosaken mboten angsal kito khususaken siyam 1 / 2 dinten terakhir sya’ban. Kejobo menawi siyam ingkang kedah kito ti ndakaken. Rasulullah SAW bersabda:
Janganlah kalian mendahului Ramadhan dengan berpuasa sehari atau dua hari sebelumnya. [7]
Kecuali seseorang yang (memang seharusnya/biasanya) melakukan puasanya pada hari itu. Maka hendaklah ia berpuasa. (HR Bukhari) Kaping kalih, nglunasi utang siyam ramadhan, kagem kito kangge nengetaken keluargo kito ingkang gadah utang siyam ramadhan.
Kaping tigonipun, ngatahaken ibadah lan amal kesaenan sarto ningkataken kualitas ibadah kito. kito giataken shalat rawatib, qiyamullail, maos Al-quran, lan katah maleh ingkang saget kito tindakaken.
.. Khutbah ke 2
Pungkasanipun monggo wekdal kito manfaataken kanti sak saesaenipun, awit amal kito bade dipun angkat dateng Allah. .
.
[8]
NGADEPI WULAN RAMADHAN
... . Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya Kados dawuhipun Kanjeng Nabi :
“Wediya sira ing Allah, ana ing endi wae pangggonan ana sira, kaelekan iku tut burenana kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaelekan”. Ampun ngantos kita pejah kejawi tetep minangka Muslim ingkang taqwa. Jalaran inggih namung kanthi taqwa kita sedaya badhe saged nggayuh kabegjan wiwit dunya punika ngantos mbenjang wonten ing akhirat Mekaten ugi taqwa punika ngrupeaken perkawis ingkang saget ndorong dateng kesaenan ingkang rosa. Lan saget minangka rem ingkang saged mekak saking mblandhanging pendamel awon lan lampah dosa. Ringkesipun namung kanti iman lan taqwa kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala . Jama’ah ingkang minulyo, Sekedap malih kito bade manggihi tamu ingkang agung, punopo kito sampun siap kangge nyambut tamu agung kolo wau? Saget kemawon Ramadhan ing tahun niki dados Ramadhan pungkasan kito sak derengipun sowan dateng Allah subhanahu wata’ala.. Sampun katah tiang ing tahun kapengker taksih sesarengan nindakaken siam, shalat tarawih, lan idull fitri kalian kito, ananging ing wekdal meniko sampun ninggalaken kito. Saklebetipu wulan Ramadhan Rasululloh paring gambaran kondisi kalih golongan ingkang saling tolak belakang kondisiipun ing dalem nindakaken siyam lan manfaataken wulan ramadhan. Golongan kaping sepindah inggih puniko : Golongan ingkang pinaringan ampunan dosa ingkang sampun katindakaken. Kados sabda nipun Rasululloh: “ Barang siapa yang berpuasa Ramadhan dengan penuh keimanan dan mengharapkan pahala, maka akan dosanya yang telah lalu akan diampuni.” (HR. Bukhari dan Muslim) Golongan ingkang sepindah inggih puniko golongan tiyang ingkan nindakkaken siyam Ramadhan kanti penuh iman, ikhlash karana Allah lan ngarep pahala saking Allah tiyang ingkang mekaten bade dipun ampuni dosa ingkang sampun kapengker. Saking hadits kolo wau kito bade mangertosi bilih supados kito angsal ampunan saking Allah kanti siyam ramadhan wonten kalih syarat: a. Ngimani kanti yakin lan leres babakan kewajiban siyam, kito yakindateng pahala ingkang sampun Allah janjikaken, b. Mengharap pahala ing sisinipun Allah ta’ala, ikhlash anggenipun kito siyam mboten karana Riya’(pengen dipuji)
[9]
Bentuk dosa ingkang bade dipun ampuni kados hadits kolo wau inggih puniko dosa ingkang alit, dene dosa ingkang ageng mbetahaken taubatan nasuhah. sabda Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam, “ Di antara shalat lima waktu, di antara Jum’at yang satu dan Jum’at yang berikutnya, di antara Ramadhan yang satu dan Ramadhan yang berikutnya, akan mengampuni dosa-dosa di antara kedunya asalkan dosa-dosa besar dijauhi. ” Golongan kaping kalih inggih puniko golongan tiyang ingkah sia-sia amalanipun ».« Artinya: “Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu berkata: “Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda: “Berapa banyak seorang yang berpuasa bagiannya dari puasanya hanya lapar dan dahaga, dan berapa banyak seorang yang beribadah di malam bagiannya dari puasanya hanya begadang.” HR. Ahmad. Golongan kaping kalih dipun kabaraken Rasululloh bilih tiyang ingkang sia-sia anggenipun siyam lan amung angsal dahaga lan lapar kemawon. Punopo sebabipun? Ing antawisipun perkataan Dusta “Barangsiapa tidak meninggalkan perkataandan perbuatan dusta maka Allah tidak butuh dengan puasanya.” (HR. Al Bukhari). Kalebet ugi :Remen damel memengsahan dateng tiyang sanes,Remen adu domba lan nyebaraken fitnah,Mboten nebihi perkawis igkang awon lan sia-sia Perkataan Lagwu (sia-sia) lan rofats (kata-kata porno) Puasa bukanlah hanya menahan makan dan minum saja. Akan tetapi, puasa adalah dengan menahan diri dari perkataan lagwu dan rofats. Apabila ada seseorang yang mencelamu atau berbuat usil padamu, katakanlah padanya, “Aku sedang puasa, aku sedang puasa”. ” (HR. Ibnu Majah dan Hakim) Sodoyo bentuk maksiat -
Khutbah 2
Jamaah ingkang minulyo, Saklajengipun bade kalebet dumateng golongan pundi pribadi kito? sedoyo wau tergantung usaha kito lan taufik saking Allah ta’ala. Bulan Ramadhan ngrupekaken momentum agung kangge berlomba-lomba nindakkaken kesaenan.sahinggo ampun ngantos kito siak-siaken wekdal kito ing wulan ramadhan. Lan mugi-mugi kito kalebet golongan ingkan dipun gampelaken Allah kagem nindakaken ibadah ketaatan lan dipun tampi ing sisinipun Allah, amiin. .
.
[10]
KEUTAMAAN WULAN RAMADHAN
...
. Para sederek jama’ah Jum’ah rahimakumullah ,
Minangka purwakaning atur mangga kita kunjukaken puji lan syukur wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala awit peparingipun rahmat lan kanugerahan, kawilujengan dateng kita sedaya, sahingga ngantos dinten punika kita saget sesarengan makempal ing papan minulya punika, saperlu nindaaken kwajiban kita, kanti wilujeng mboten manggih rubeda satunggal menapa. Langkung langkung rahmahipun Allah rupi panjangipun yuswa ngantos wanci punika kita saget pinanggih lan menangi malih wulan Ramadhan ing tahun punika, Panyuwun kita mugi kita
pinaringana kekiyatan dhohiran wa bathinan saget nindakaken jejibahan shiyam
Ramadhan ngantos paripurna, lan sedaya amal ibadah kita tinampi wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala. Sak lajengipun kita ngunjukaken shalawat lan salam mugi kunjuk katur wonten ngarsa dalem junjungan ita Kanjeng Nabi Muhamad Sallallahu’alaihi wasallam lan sedaya kaluwarga tuwin para sahabatipun, lumeberipun dateng sedaya para penderekipun, kalebetna ugi kita sedaya minangka ummat ingkang nampi syafa’at mbenjang ing yaumil akhir . Amin. Sak lajengipun kula ngajak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun. Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya, Gilir gumantose mangsa mboten kraos sampun dumugekaken kita dateng satunggaling mangsa ingkangsampun dipun tenggo tumrap tiyang muslim. Ingkang saben tiyang ngareparep dumuginipun wulan puniko. Wulan ingkang kebak berkah,ampunan lan pahala ingkang agen sanget kangge sinten kemawon ingkang nindakkaken amal shaleh. Inggih wulan puniko mboten saneh lan mboten klentu inggih puniko wulan Ramadhan. Wulan ingkang kito sedoyo kawajibaken siyam, wulan inggkang Al-Qur’an dipun turunaken lan wulan ingkang gadahi kautamaan ingkang katah lan wulan ingkang saklebetipun wonten ndalu ingkang langkung utami menawi dipun kabandingaken kalian 1000 wulan inggih puniko malam lailatul qodar. Kados dawuhipun Allah :
“ Wulan Ramadhan, wulan kang ing sakjerone wulan kuwi wus di turunake Al Qur’an, minangka pituduh tumraping manungsa lan kang mertelakake marang pituduh lan kang mbedakake antarane perkara kang ala lan becik, mula sangka iku sapa wae kang menangi wulan Ramadhan becik supaya puasa ing wulan iki “ ( QS. Al Baqarah ; 185). ‘ Sewengi lailatul qadar iku luwih bagus katimbang sewu wulan “ Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya, [11]
Wulan ramadhan puniko gadahi kautamaan ingkang katah sanget in g antawisipun :
1. WULAN Ramadhan wulan kang dipun berkahi, dipun wajibaken siyam, pintu surga dipun bikak,pintu neraka dipun tutup lan para setan dipun blenggu. Kados wonten salah satunggaling hadits ingkang artosipun: Saking Abu Hurairah: “Rasulullah maringi pawartos bebingah tumrap para sahabatipun kanti sabda: “Wus teko tumrap siro kabeh wulan Ramadhan, wulan kang diberkahi, Alloh ngwajibake poso, ing wulan iku pintu- pintu surga dibuka’, pintu -pintu neraka ditutuplan para syaithan di blenggu.lan ing sak jerone ono malam kang luwih utomo dibanding sewu wulan. Sopo wonge ora oleh kebeciane maka ora bakalan oleh opo-opo. (H.R. Ahmad dan An Nasa’i)
2. Alloh nurunaken rahmat lan dipun apus dosa- dosa lan dipun kabulaken do’a. Kados ingkang dipun terangaken wonten salah satunggaling hadits saking sahabat Ubadah bin Ash Shamit riwayat Ath Thabrani. 3. ing wulan Ramadhan umat islam dipun paringi 5 keutamaan ingkang mboten dipun paringaken dateng umat-umat sakderengipun, kados wonten ing hadits saking Abu Hurairah riwayat Ahmad Rasululloh paring penjelasan bilih umatipun dipun paringi 5 kautamaan ingkang boten dipun parengaken dumateng umat sak derengipun, inggih puniko: •
Bau mulut tiyang ingkang nindakkaken soum ramadhan ing sisinipun Alloh langkung harum tinimbang kasturi
•
•
Poro malaikat nyuwunaken ampunan kangge sinten kemawon ingkang berbuka. Para jin ingkang jahat dipun blenggu sahinggo mboten bebas gerak kados wulan lintunipun.
•
•
Umat puniko dipun paringi ampunan ing setip akhir malam Dipun paringi salah satunggale dalu ingkang lankung utami tinimbang sewu wulan. Inggih puniko lailatul qodr. Khutbah 2
Maasyiral muslmin Rahimaumullah Tasih katah kautamaan-kautamaan saking wulan Ramadhan ingkang mboten kongang dipun aturaken lumantar mimbar punika. Wusananing atur mugi mugi sedaya amal ibadah kita tinampia wonten ngarsanipun Allah langkung langkung shiyam kita, sageta sampurna ngantos dumugi sampurnanipun wulan Ramadhan, saget ngasilaken buah ipun ibadah kita, inggih soyo tambah tambah ta’at lan taqwanipun dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala, akhiripun kaparingan khusnul khatimah. Amin. ibadah ing wulan ramadhan ngantos akhir, amiin .
.
[12]
SIYAM RAMADHAN
...
. Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya dalem Al lah Subhanahu wa Ta’ ala , Amiin. Kados dawuhipun Kanjeng Nabi :
“Wediya sira ing Allah, ana ing endi wae pangggo nan ana sira, kaelekan iku tut burenana kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaelekan”. Ampun ngantos kita pejah kejawi tetep minangka Muslim ingkang taqwa. Jalaran inggih namung kanthi taqwa kita sedaya badhe saged nggayuh kabegjan wiwit dunya punika ngantos mbenjang wonten ing akhirat Mekaten ugi taqwa punika ngrupeaken perkawis ingkang saget ndorong dateng kesaenan ingkang rosa. Lan saget minangka rem ingkang saged mekak saking mblandhanging pendamel awon lan lampah dosa. Ringkesipun namung kanti iman lan taqwa kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala . Kita mila manungsa limrah, titah sawantah, ingkang kongang khilaf lan salah, mekaten ugi kita kadang dumawah ing pendamel awon, nanging nalika sampun kadung tumindak awon, enggal enggala dipun tututi kanti pendamel sae, jalaran kesaenan menika saget nglebur lan mbusek pendamel awon, mekaten wau menggah kersanipun dawuh hadits. Tindakan mekaten supados iman kita punika tansah kareksa, ampun ngantos risak jalaran kedlarungipun pendamel awon saha mboten enggal dipun sadari lan dipun tututi kanti amal sae. Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah, Miturut dawuh Al Qur’an perwaca bilih hikmah ingkang paling utami shiyam punika supados kita langkung taqwa dumateng ngarsa dalem Allah Swt.
Hai wong-wong kang beriman, diwajibake tumrap siro kabeh poso kang wus diwajibake tumrap wong kang sakdurunge siro, supoyo siro bertaqwa. (Al-Baqarah 183) Pramila kita ingkang sampun biasa nindakaken shiyam saben wulan Ramadlan punika ampun ngantos shiyam kita sekedar ngampet dahar lan ngunjuk ing wedal rinten kemawon , ananging kedah saget nuwuh aken hikmah inggih tambahipun taqwa kita dateng Allah Swt. Jalaran mila kasunyatan mboten sekedik tiyang nindakaken shiyam ananging mboten saget nggayuh hikmahipun shiyam sahengga tiyang wau kanti shiyamipun namung pikantuk ngelak lan luwe , kados dawuhipun Kanjeng Nabi mung “ Pirang pirang wong kang pasa , kang saka pasane ora oleh apa apa kejaba ngelak lan luwe” (HR. An Nasai, Ibn Majjah lan Al Hakim). Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah, Mila shiyam punika mboten namung sekedar ngampet ngelak lan luwe, ananging ugi ngrupekaken didikan jasmani lan ruhani lan budi pakerti. Kanti shiyam kita kedah nglatih diri sabar, lan nahan diri kangge nilaraken samukawis kaenakan ingkang katah mengku doso ingkang dados kacenderungan saha panyengkuyung hawa nafsu. Pramila shiyam kita ampun ngantos namung nahan lisan menika saking perkawis ingkang lumebet, nanging kasunyatan [13]
ingkang langkung awrat mila njagi lisan saking perkawis ingkang medal saking lisan, inggih wijiling pangandikan ingkang kaprahipun gampil dumawah dateng perkawis ingkang nerak lan nerjang dateng pranatan syari’at agami. Hikmah sanes, shiyam Ramadlan mengku didikan supados kita ningkataken kumawula kita kanti amal ibadah saha amal sosial , kerana saklebetipun wulan Ramadlan kita mboten namung shiyam ing wanci rintenipun , ananging ugi ngatah ngatahaken ibadah kados shalat tarawih dalunipun, tadarus Al Qur’an, giyatipun pengaosan pengaosan, mekaten ugi amal amal sosial, kados ngatahaken shadaqah, silaturrahim, bektos dateng tiyang sepuh , welas asih dateng sederek lan sanes sanesipun, ingkang sedaya kala wau saget kita raosaken, sanget meningkat katimbang wekdal sanesipun wulan Ramadlan. Kanti tembung sanes bilih shiyam saget nyuburaken semangat ibadah, sae ingkang asifat sesambetan kaliyan Allah, utawi ingkang asifat sosial, sesambetan dateng sesamining makhluq langkung langkung sesami umat Islam. Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah, Ewo semanten, kok umpami wonten sederek kita ingkang sakit, lajeng dipun nashehati dokter kedah dahar obat saben wekdal tertentu, ingkang mboten mungkin tumrap piyambak ipun nindakaken shiyam. Mekaten ugi saranipun mboten kenging shiyam supados enggal mantun sakitipun, Ingkang mekaten menika agami kita maringaken kalonggaran, mangga mboten usah shiyam .Allah ugi maringaken kemirahan tumrap tiyang ingkang mboten anggadahi kemampuan siyam amergi sakit utawi nuju kesahan. Kanti dawuhipun ; “Mangka sing sapa wonge sangka sira kabeh iku nuju lara, utawa lelungan, nuli ora pasa, mangka wilangane ora pasa dilakoni ing dina dina kang liya” ( QS. Al Baqarah : 185 ) Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah, Supados shiyam kita saget ngasilaken pahala kito kedah mangertosi punopo ingkang dados sebab utawi syarat angsal pahala.inggih puniko Syarat angsal pahala puasa: Di antara syaratipun: supados berbuka puasa kanti dahar tedoi ngkang halal. Menawi berbuka kanti daharan ingkang haram panyunwunanipun bakal mboten dipun ijabahi. Tiyang ingkang siyam kedah berjihad, artosipun bilih tiyang mu’min ing wulan ramadhan nglampahi kaleh jihad, inggih puniko: 1. Jihad kangge diri pribadi ing wekdal siang hari kanti nindakkaken puasa. 2. Jihad ing wekdal dalu kanti nindakaken shalat malam. Sinten ingkan madukaken kalih jihad kolo wau pramilo netepi hak-hakipun lan sabar. Niscaya dipun paringi pahala kan mboten kewates. Khutbah 2
Akhiripun Mangga kita upayaaken amrih siyam kita punika langkung bermakna, saha ngasilaken hikmah hikmah ingkang katah tumrap kita sedaya, saha tinampi wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Mugi kito saget nindakaken ketaatan ibadah ing wulan ramadhan ngantos akhir, amiin .
.
[14]
FAEDAH SIYAM 6 DINTEN SAKING SYAWAL
.
◌ ... . Para sederek jama’ah Jum’ah rahimakumullah , Minangka purwakaning atur keparenga kula ngakjak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestok aken dawuh dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan margi gampil saking sedaya urusan kita. Kados dawuhipun :
“Sing sapa wonge taqwa marang Allah, Mangka Allah bakal nda dekakegampang sangka urusane wong mau” (QS. At Thalaq: 4). para sederek jama’ah Jum’ah rahimakumullah Sak sampunipun kita saged ngraosaken wontenipun manfaat saking shiyam Ramadhan, pramila salah satunggaling kewajiban ingkang taksih kedah kita lampahi injih punika nglaksanakaken lan ngembangaken hikmah-hikmah ingkang terkandung wonten ing sak lebeting Ramadhan; sak hingga atsar utawi kesan ingkang sampun dipun tilaraken dening wulan Ramadhan, sageta mbeta hasil ingkang nyata, arupi tambah sae lan kiatipun mutu lan kualitas keimanan lan keislaman kita. Jama’ah shalat jum’at ingkang minulyo, Wulan Ramadhan sampun kito tilaraken, sak meniko kito sampun mlebet dateng wulan syawal. Wulan Syawal saklebetipun wonten ibadah ingkang utami inggih puniko siyam enem dinten saking wulan syawal. Punopo kemawon faedah saking siyam syawal ? meniko ingkang bade kito aturaken. Faedah sepindah : siyam syawal bade genepaken ganjaran siyam setunggal tahun penuh. Nabi Muhammad Shalallohu ‘alaihi wasallam paring sabdo:
“ sopo wonge kang poso Ramadhan banjur po so enem dino soko wulan syawal, saktemene dewekke poso koyo setahun penuh”(HR. Muslim) Para alim ulama paring pitedah bilih siyam kados siyam setahun pe nuh asalipun awit saben kesaenan semisal kalian sedoso kesaenan semisal. Dene toto coronipun anggen kito nindak aken siyam syawal inggih puniko: Dipun tindakkaken 6 dinten saking wulan syawal, langkung utamai saksampunipun dinten riyoyo utawi saksampunipun tanggal 1 syawal ananging ugi saget diakhiraken. Ingkang penting taksih wulan syawal.
[15]
Usahaken ingkang kedah dipun rumiyinaken qodho’ siyam/ mbayar utang siyam ramadhan sopados angsal ganjaran setunggal tahun penuh. Awit qodho’ siyam/ ganti siyam ramadhan ingkng ditilaraken meniko wajib hukumipun. Menawi wonten kaleh ibadah wajib lan sunnah ingkang dipun tindakkaken sepindah ibadah wajib lajeng ibadah sunnah. Faedah kaping kalih : Nindakaken siyam syawal dados pratondo dipun tampi amalan siyam wonten ing wulan ramadhan Menawi Allah nampi amalan salah satunggaling hamba, Allah bade paring hidayah/petunjuk amal shaleh lintunipun. Menawi Allah nampi amalan siyam Ramadhan, pramilo Allah bade paring petunjuk supados hambanipun nindakaken amal soleh lintunipun kados siyam syawal. Kados ngendikanipun Ibnu Rajab: “ Balasan soko amal kebecikan yoiku amal kabecikan sakteruse. Sopo wonge kang nindakake kebecikan banjur nindakake kebecikan liyane maneh, iku pratondo diterimone amalan kang awal. Jama’ah shalat jum’at ingkang minulyo, Faedah kaping tigo : nindakaken siyam syawal dados bentuk syukur kito dateng Allah. Nikmat punopo ing kito syukuri? Inggih puniko nikmat ampunan saking kalepatan dosa ingkah katah sanget ing wulan ramadhan. Sahimggo bentuk syukur kedah kito wujudtaken kanti kito nindakkaken amal soleh/ amal kasaenan kados siyam syawal. Faedah kaping sekawan : tiyang ingkang nindakaken siyam syawal dados pratondo bilih ibadahipun meniko kontinue/istiqomah mboten musiman. Amalan ibadah saklebetipun ramadhan kedah dipun lestantonaken dipun lajengaken terus ngantos akhir hayat.
Khutbah 2 Jama’ah shalat jum’at ingkang minulyo, Wulan Ramadhan sampun nilaraken kito, sak lajengipun ibadah kesaenan inkang sampun kito tindakaken sak lebetipun ramadhan monggo kito lajengaken ampun ngantos kito tilaraken. Shalat 5 wekdal ampun ngantos ditinggalaken, kito tingkataken waosan Al Quran, shalat tahajud, shalat jama’ah kito lan ibadah sanesipun. Mugi Allah paring rahmat lan hidayahipun dateng kito supados saget istiqomah wonten margi ingkang haq. Lan mugi Allah nampi ibadah ingkang sampun kito tindakkaken, mugi-mugi Allah nglebetaken kito sedoyo dateng surga firdaus. Aamiin . . . ◌ . .
.
[16]
AMAL SHOLIH ING AWAL DZULHIJAH
...
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya Mangga kita sesarengan nambahi taqwa kita dateng Allah, kanti estu estu tansah netepi ta’at dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun. Supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Amiin. Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa, Inggih namung kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kawilujengan gesang dunya dumugining akhirat. Alhamdulilah Alloh paring nikmat dumateng kito sedoyo inggih nikmat umur soho kasarasan ngantos titiwekdal puniko kita pun anugerahaken manggihi wulan zhulhijah.wulan ingkang gadahi kautamaan-kautamaan, ingkang sak mangke bade kito aturaken babakan kautamaankautamaan saking awal wulan zhulhijah lan ibadah utawi amalan punopo kemawon ingkang dipun anjuraken ing sak lebetipun. Jama’ah shalat jum’at rahimani wa rahimakumulloh Ing antaranipun ingkang nedahaken kautamaan-kautamaan saking wulan dzulhijah inggih puniko Hadits saking Ibnu ‘Abbas, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring sabda, .
.
“ora ono sala h sawijine amal sholeh kang luwih dicintai Alloh ngluwihi amal shaleh kan dilakoni ing dino-dino iki yaiku 10 dino awal soko wulan dzulhijah..” Para sahabat
tanglet: “Tidak pula jihad ing dalane Allah?” Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam jawab: “Tidak pula jihad ing dalane Allah, kejobo wong kang jihad kanti jiwo lan
bondhone ananging ora ono siji wae kang bali.” Mangasyirol mukminin
Babakan hadits kolo wau Ibnu Rajab Al Hambali mengatakan, “Hadits iki nunjukake amalan ing 10 dinten, langkung dipun tresnani lan nedahhaken bilih amalan ing 10 dinten awal langkung dipun tresnani menawi kabandengan dinten lintunipun lan mboten wonten pengecualian.menawi dipun sebateken bilih ing dinten kasebat langkung dicintai Alloh,meniko nedahaken , bilih nindakaken amal shaleh ing wekdal 10 hari awal zhulhijah langkung utami ing sisinipun Alloh.” Amalan ingkang Dianjurkan ing Sepuluh Dinten Awal Dzulhijah
Keutamaan sepuluh dinten awal Dzulhijah berlaku kangge amalan punopo mawon ingkang leres, mboten kawates amalan khusus. Amalan ingkang dipun anjuraken ing awal dzulhijah inggih puniko siyam. Saking Hunaidah bin Kholid, saking garwonipun, istrinipun Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendikak aken,
[17]
-
-
-
-
. “Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam biasa siyam ing 9 dino awal dzhulhijah, pada ha ri ‘Asyura (10 muharom) , poso 3 dino saben -saben wulan. Sahabat ingkang mraktekaken siyam 9 dinten saking awal dzhulhijah inggih puniko Ibnu ‘Umar. Lan poro Ulama kados Al Hasan Al Bashri, Ibnu Sirin dan Qotadah ugi nyebataken kautamaan siyam ing dinten-dinten puniko. Meniko pendapat mayoritas Ulama. Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya, Sak lajengipun ugi amalan ingkang dipun anjuraken inggih puniko siyam ing dinten Arofah
kagem tiyang ingkang mboten nindak aken haji. Ampun ngantos nilaraken siyam Arofah puasa Arofah meniko wonten ing tanggal 9 Dzulhijah.kados
hadits Abu Qotadah,
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,
“Puasa Arofah ngapusake dosa setahun kang lalu dan setahun arep teko. Keutamaan puasa Arofah inggih puniko bade dipun hapus dosa setahun ingkang kapengker lan setahun ingkang bade dateng lan dosa ingkang dipun maksud inggih puniko dosa-doso alit.utawi diringannaken dosa ageng utawi dipun inggilaken derajatipun. Lajeng kagem tiyang ingkang haji mboten dipun anjuraken nindakaken siyam Arofah.kados hadits Rasululloh saking Ibnu ‘Abbas, Para sederek ingkang minulyo Ing antaranipun bilih dinten Arofah ugi gadahi kautamaan.-kautamaan kados wonten hadits:, “ing antarane dino kang Alloh akeh mbebasake salha sawijine manungso soko neraka yaiuku ing dino Arofah(kangge tiyang ingkang wonten Arafah). Alloh bakal nyedakki tiyang kolo wau lajeng ditampak ake kautamaanipun menyang para malaikat. Banjur Alloh berfirman: opo kang dikarep ake ”
Meniko poro sederek kautamaanipun tiang ingkang haji, sederek kito ingkang wukuf ing Arofah
lilo
ninggalaken
sanak
saudara,negri,ugi
nelasaken
bondo,ingkang
dados
kekarepanipun inggh puniko ampunan,ridho lan manggihi Rabb ipun. Derajatipun tergantung kalian niat saben tiyang ingkang nindakkaken wukuf ing Arafah. Keutamaan lintunipun, hari arofah inggih wekdal mustajabipun do’a. Kados hadits saking ‘Amr bin Syu’aib dari ayahnya dari kakeknya, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda, “Seapik-apike do’a yaiku do’a ing dino Arofah.” Akhiripun mugi Alloh gampilaken anggen kito ngibadah lan mugi kito suatu saat saget nindakkaken ibadah haji. . Khutbah 2 Akhiripun Mangga kita upayaaken amrih sedoyo ibadah kito tinampi wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. . . [18]
PELAJARAN SAKING KALUARGO NABI IBRAHIM
... . Para sederek Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah.
Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarsa dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical wical, langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya , sahingga enjang punika kita tasih saget menangi malih dinten riyaya Iedul Adha, lan saget makempal ing masjid punika kanti tanpa manggih rubeda satunggal punapa. Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala , Kados dawuhipun Allah :
"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik ” . (QS. An Nahl :128).
Jama'ah shalat jum'at ingkang minulyo Wekdal puniko kita taksih wonten ing nuansa bulan zhulhijah inggih nuansa wulan riyaya haji. Sakwetawis monggo kita mendet ibrah saking kisahipun kluarga Nabi Ibrahim ‘Alaihissalam. Pangorbanan ageng saking Nabiyullah Ibrahim Alaihis salam kados ingkang kasebat ing Al Qur’an, punika mboten namung sekedar minangka sejarah lan carios kemawon, ananging dados tulada tumrap kita sedaya. Nalika panjenenganipun pinaringan pacoben dening Allah, supados nyembelih putranipun inggih Nabi Ismail Alaihis salam, dawuh kasebat katampi kanti sabar lan ridla, saha katindakaken kanthi ikhlas murih karidlan saking ngarsa dalem Allah. Maasyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,
Mbok bilih inggih namung kanti pangorbanan ingkang ageng, kabahagyianing gesang punika bade saget dipun gayuh, kasebat ing setunggaling pangandikan ingkang mengku hikmah: “ora bakal kagayuh kamulyan, kejaba kanti ngliwati sengsaraning pangurbanan”
[19]
Ananging pangorbanan punika kedah kanti linandesan keyakinan iman lan i’tikad ingkang kiyat, jalaran pangorbanan ingkang tanpa kadasaraken dateng keimanan tentu namung bade siya-siya muspra tanpa tanja. Allah sampun paring dawuh :
“Dudu banda banda lan anak anak ira kabeh kang bisa nyaketake sira marang Ingsun senajan sithik wae, kejaba wong kang iman lan ngamal sholih, iya wong wong kang kaya mengkono iku kang bakal merkoleh piwale skang tikel-matikel, sebab olehe pada ngamal wong wong mahu, lan wong-wong mahu bakal sent osa ing panggonan kang luhur”
(As Saba’ 37). Maasyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,
Panjenenganipun Nabi Ibrahim minangka jejering tiyang sepuh, ingkang wicaksana lan wibawa, ugi ta’at lan patuh, kanti ikhlas lan ridla mundi dawuhipun Allah, sinaosa kedah ngorbanaken putra. Nabi Ibrahim setya dateng garwa, lan tresna dateng putra, tabah lan tawakkal nampi kasunyatan pacobenipun Allah. Ismail minangka putra ingkang sholih, tha’at ngestokaken dawuhipun Allah Pangeranipun, bektos lan mbangun miturut dateng tiyang sepuh. Lajeng wonten pitakenan punopo rahasia kesuksesan Nabi Ibrahim As ingkang saget ndidik Putranipun Ismail ingkang setio tuhu, menawi kito maos Al-Qur’an kito bade manggihi kunci suksesipun: 1.
Doa ingkng tansah dipun panjataken Nabi Ibrahim
(100
)
Ya Alloh karuniaken dumateng kulo keturunan ingkang shalih
Doa kolo wau dipun panjataken Nabi Ibrahim tebeh sak derengipun nikah,beliau nyuwun dumateng Allah Anak ingkang shalih, mboten nyuwun anak ingkang sugih, berjabat, cendikiawan ananging nyuwun anak ingkang shalih. Sahingga dumateng para para sederek kita ingkang cerak dating usia pernikahan monggo nyuwun dumateng Alloh kados doa nipun nabi Ibrahim kolo wau, lajeng dumateng pasangan suami istri ingkang istrinipun nembe hamil katah-katahaken nyuwun dateng Allah anak ingkang Shalih, ingkang do’a anak sh alih puniko gadahi manfaat engkang ageng kagem tiang sepuhipun benjang ing alam kubur. Sahinggo mugi keparingn putra ingkang kados Nabi Ismail As. Rasulullah bersabda: (
)
Berbaktilah kepada orang tuamu niscaya anakmu akan berbakti kepadamu 2. Kepedulian Nabi Ibrahim as dateng pendidikan anak-anakipun
Beliau mboten lilo menawi putranipun bodo utawi wonten jalur pendidikan ingkang klintu. Ampun ngantos jalaran ekonomi utawi alas an pekerjaan kita mengabaikan pendidikan Anak. Punopo ken putro wayah sampun ngamalaken ajaran Agami? Punopo sampun tiang sepuh paring tulodo ingkang sae tumrap putra putrinipun? Menawi dereng bersiaplah nampi pacoben Allah kanti dalan Putra purinipun. [20]
Kedah dipun mangertosi bilih pendidikan ingkang sepindah lan utami inggih puniko pendidikan Agami, lajeng pendidikan pendukungipun inggih puniko pendidikan umum. 3. Kepedulian Ibrahim dumateng kesejahteraan anak lan keluarga
Nabi Ibrahim as puniko sosok seorang bapak ingkang sae, lan suami bertanggung jawab. Demi membahagiakan keluarganipun, Nabi Ibrahim as rela merantau ribuan kilometer dari Palestina ke Mesir, lan meniko dipun tindakkaken berkali-kali sanaoso kondisi alam ingkang tandus lan panas. Rasulullah menyatakan bilih tiang ingkang kerja keras kagem ngais rezkiningkang halal kagem kluarga, dipun nilai Allah dados shadaqah ingkang inggil bahwa seseorang yang bekerja keras guna mencari rizki yang halal untuk keluarga, dinilai oleh Allah sebagai sadaqah yang tertinggi. Dalam hadis beliau bersabda: 995.
.
Satu dinar dari harta yang engkau nafkahkan untuk keluargamu merupakan pahala yang paling besar di sisi Allah
Kito sedoyo selaku kaum muslimin ampun ngantos putus asa, sebalikipun kito kedah bangkit singsingkan lengan kagem natap hari esok kanti penuh optimisme lan harapan langkung sae. Ampun kito supe dateng firman Allah: ( 8)
(7)
(6)
(5)
(5) Karena sesungguhnya sesudah kesulitan itu ada kemudahan, (6). sesungguhnya sesudah kesulitan itu ada kemudahan, (7) Maka apabila kamu telah selesai (dari sesuatu urusan), kerjakanlah dengan sungguh-sungguh.
Khutbah 2
Kaum muslimin ingkang minulyo
Menawi kita sedaya, Bapak, Ibu lan putra saget ngalap piwucal lan tulada dateng keluarga Nabi Ibrahim punika, Insya Allah kita sedaya ugi bade kaparingan rahmat lan maghfirahsaking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala. Mugi mugi Allah tansah midanget lan ngijabahi dunga panyuwun kita, andadosaken keluarga ingkang sakinah manggih kabegjan dunya ngantos akhirat. Amin. . . .
.
.
[21]
PENULIS
Julianto itulah nama yang diberikan ke ada kami oleh orang tuaku sejak lahir. Lahir di sebuah desa yang damai, tentram dan penuh dengan kasih sayang pers audaraan yaitu Gunungkidul. Pada tahun 1992 ehidupan kami dimulai. Aktif sebagai Admin blog “SEMANGAT BELAJAR”
Apabila para pembaca yang budiman ingin menyampaikan pesan, menulis artikel seputar khutbah jumat basa jawa, atau mendapatkan kesalahan dalam buk u ini silahkan untuk segera menghubungi kami. e-mail
:
[email protected]
facebook
: Julian Al-jaisyu
blog
: http://al-miftahu.blogspot.com
HIDUP ITU SEBENTAR, LAKUKANLA SUATU HALYANG MEMB WA MANFAAT BESA BAGI ORANG DI SEKELILI G KITA!
Doa kami untuk seluruh kaum Mu slimin.
[22]